Website Basantara punika asil yasanipun Sulistyorini Wahyu Hari Wibowo, S.Pd.
ingkang saben dintenipun makarya minangka guru ing SMP Negeri 1 Madiun.
Krenteg yasa website punika tuwuh sasampunipun pirsa kawontenanipun para
mudha taruna Jawa ingkang saperanganipun minangka siswa SMP Negeri 1 Madiun
awrat rembagan ing basa krama alus. Wontenipun prakawis punika kawiwitan para
mudha utawi siswa rumaos kangelan matur ing basa krama alus jalaran mboten wonten
tuladha ingkang saged tinulad sawanci-wanci. Pramila website punika kaangkah saged
paring tuladha lan pitulungan kagem para mudha utawi para siswa anggenipun gladhi
pirembagan lan matur ing basa krama alus. Bilih wonten kirang sampurnanipun website
punika, pangrakit sanget ngantu paringipun panyaruwe ingkag saged dipun paringaken
email sulistyoriniwibowo55@guru.smp.belajar.id
Website Basantara dibuat oleh Sulistyorini Wahyu Hari Wibowo, S.Pd. yang setiap hari
berprofesi sebagai guru di SMP Negeri 1 Madiun. Niat dan semangat membuat website ini tumbuh
setelah mengetahui kondisi para generasi muda Jawa yang sebagian diantaranya adalah siswa SMP Negeri 1 Madiun
sudah merasa berat berbicara dalam bahasa krama alus karena tidak ada contoh yang dapat ditirukan sewaktu-waktu.
Karenanya website ini diharapkan dapat memberikan contoh dan bantuan untuk semua generasi muda khususnya siswa saat
berlatih percakapan dan berbicara dalam bahasa krama alus. Jika ada kurang sempurnanya website ini, pembuat sangat
mengharapkan adanya saran, ide, dan usul membangun positif yang dapat disampaikan
melalui email sulistyoriniwibowo55@guru.smp.belajar.id