0888-7005-831
sulistyoriniwibowo55@guru.smp.belajar.id
SMPN-1 Kota Madiun

UNDHA USUK BASA

Tataran basa Jawa kaperang dados kalih perangan ageng, inggih punika basa krama kalian basa ngoko. Kalih perangan kala wau ing satunggalipun taksih dipun pantha malih dados kalih. Perangan basa krama wonten krama lugu lan krama alus, dene perangan basa ngoko wonten ngoko lugu lan ngoko alus. Gegambaranipun kawangun kados ing ngandhap punika. Deskripsi Gambar

Undha-usuk basa Jawa menawi katiti saking tataran ingkang paling lumrah kawiwitan ing basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan ingkang paling alus inggih punika krama alus.

Basa ngoko lugu karakit saking tembung-tembung tataran ngoko mboten kacampuran tembung saking tataran sanesipun. Lumrahipun dipun agem rembagan antawisipun para lare, tiyang sepuh dumateng anak, guru dumateng siswa, lan antawisipun piyantun ingkang sampun raket kekancanipun. Tuladha ukara :

a. Kowe apa sida nyilih buku iki?

b. Aku mangan nalika ibu lunga nyang pasar.

c. Mangana dhisik, aku tak mangan mengko!

d. Bu, aku diceluk Pak Tardi dikon nemoni dheke saiki.

e. Sing nganggo klambi putih kae jenenge Pak Hikam.

Basa ngoko alus karakit saking tembung-tembung tataran ngoko kalian krama alus. Tembung krama alus dipun gunakaken ing tembung aran, tembung kriya, tembung kaanan, tembung sesulih ingkang katujoaken madyama purusa lan pratama purusa saking kalangan piyantun ingkang langkung dipun ajeni. Tuladha ukara :

a. Panjenengan apa sida ngampil buku iki?

b. Aku mangan nalika ibu tindak nyang pasar.

c. Panjengan dhahar dhisik, aku tak mangan mengko.

d. Bu, aku ditimbali Pak Tardi diutus nemoni panjenengane saiki.

e. Sing ngagem ageman putih kae asmane Pak Hikam.

Basa krama lugu karakit saking tembung-tembung tataran krama madya lan ngoko. Lumrahipun dipun agem pirembagan antawisipun piyantun dewasa ingkang nembe tepang kanthi ancas paring kurmat sacekapipun. Tuladha ukara :

a. Sampean napa siyos nyambut buku niki?

b. Kula nedha nalika ibu kesah ten peken.

c. Samang nedha ritin, kula tak nedha mengke.

d. Bu, kula ditimbali Pak Tardi dipunkengken manggihi kiyambakipun sakniki.

e. Ingkang ngangge rasukan pethak nika naminipun Pak Hikam.

Basa krama alus karakit saking tembung-tembung tataran krama inggil lan krama madya. Lumrahipun dipun agem rembagan antawisipun lare dateng tiyang ingkang langkung dewasa, anak dumateng tiyang sepuhipun, siswa dumateng guru, lan antawisipun piyantun ingkang sanget paring pakurmatan. Bakunipun kagem paring pakurmatan dateng piyantun ingkang dipun ajak rembagan lan ugi piyantun ingkang dapuk pratama purusa. Tuladha ukara :

a. Panjenengan menapa tamtu ngampil buku punika?

b. Kula nedha nalika ibu tindak dateng peken.

c. Panjenengan dhahar rumiyin, kula tak nedha mangke.

d. Bu, kula dipuntimbali Pak Tardi dipunutus manggihi panjenenganipun samenika.

e. Ingkang ngagem ageman pethak menika asmanipun Pak Hikam.

#