0888-7005-831
sulistyoriniwibowo55@guru.smp.belajar.id
SMPN-1 Kota Madiun

Kriyasabha


Micara 1 |DHATENG PAKIWAN

(Ke Kamar Kecil)

Siswa : “Bu, nuwun sewu. Kula badhe dhateng pakiwan.”
Ibu Guru : "Pirang menit?"
Siswa : "Antawis gangsal menit."
Ibu Guru : “Iya, ngati-ati.”
Siswa : "Matur nuwun, Bu.”
Ibu Guru : "Sami-sami."




Micara 2 | DIUTUS GURU NIMBALI KANCA

(Disurug Guru Memanggil Teman)

Pak Seta : "“Lira, Pak Guru nyuwun tulung, timbalana Yahya lan Neta, murid kelas 9D, kandhanana supaya saiki uga ngadhep Pak Seta ing ruang guru. Matur nuwun, ya.”
Lira : "Inggih Pak. Sami-sami. Nuwun sewu, Pak, pareng ngajak Saskia supados ngancani kula? "
Pak Seta : "Iya, pareng."
Lira : "Matur nuwun, Pak."

Wonten ing kelas 9D
Lira : “Nuwun sewu, Bu, badhe matur.”
Bu Santi : "Ana apa?"
Lira : “Kula dipunutus Pak Seta nimbali Yahya kalian Neta, kekalihipun dipundhawuhi sowan Pak Seta samenika dhateng ruang guru.”
Bu Santi : “Iya. Yahya lan Neta, melua Lira sowan Pak Seta ing ruang guru!”
Yahya & Neta : "Inggih Bu."
Lira : "Matur nuwun, Bu Santi"


Micara 3 | MUNGKASI PASINAON

(Mengakhiri Pembelajaran)

Kanca-kanca sedaya, kagem mungkasi pasinaon ing dinten punika mangga ndedonga sesarengan. Ndedonga kawiwitan Ndedonga sampun cekap Ngaturaken salam





Micara 4 | PAMIT WANGSUL RUMIYIN

(Ijin Pulang Lebih Dulu)

Siswa :"Bu, nuwun sewu, dalem badhe matur"
Guru :“Matur apa?”
Siswa :“Dalem badhe wangsul rumiyin samenika.”
Guru :“Ana apa kok pamit dhisik?”
Siswa :“Badhe ndherek bapak ibu nuweni eyang dateng Bogor. Dalem mrika numpak kreta, Bu, lan pikantukipun tiket ingkang jam kalih siang.”
Guru :“Yen ngono matura BK dhisik, ya, lan ngentenana dipapag wong tuwamu ing ruang BK.”
Siswa :“Inggih, Bu. Matur Nuwun.
Guru :“Iya, padha-padha.




Micara 5 | TIMBALAN KETUA KELAS

(Panggilan Ketua Kelas)

(Mohon maaf Bapak/Ibu guru di kelas, ijin menyampaikan pengumuman. Kepada seluruh ketua kelas, sekarang juga berkumpul di rest area. Atas ijin Bapak/Ibu di kelas disampaikan terimakasih.)
Ketua Kelas :"Nuwun sewu, Bu. Dalem ijin mlempak dhateng rest area"
Guru :“Gih”
Ketua Kelas :“Matur nuwun, Bu.”
Guru :“Sami-sami”


Micara 6 | TELAT

(Terlambat)



Siswa :“Sugeng enjing, Bu.”
Guru :“Sugeng enjing.”
Siswa :“Nyuwun pangapunten, Bu. Kula telat. Kula sampun matur dateng BK, nyuwun ijin badhe ndherek pasinaon.”
Guru :“Apa jalarane gene isa telat?”
Siswa :“Kala wau ing radosan ban sepedhah kula bocor, Bu.”
Guru :“Iya, wis, ndang lungguh kana.”
Siswa :“Inggih, Bu. Matur Nuwun.
Guru :“Sami-sami.
#